“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten
mriki?”
“Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun
kira-kira.”
“Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing
jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku
sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah
kok diarani lumayan. Hebat niku mas. Saking angkringan saget nyekolahke anak.
Mangka sakniki sekolah niku mboten saben tiyang saget sekolah, mboten saben
tiyang saget nyekolahke anak, njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa
ngganti SMP. Hebat niku”
“Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak
arani lumayan. Sing tuku ya lumayan akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh
tumrap aku bisa kanggo nyekolahke anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang,
nek ana iuran kana iuran kene ngana kae.”
“Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha,
rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa sing biasane katelasan sangu.”
“ He he he he….. Pancen bedha. Kuwi kabeh wong
sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora
teka karepe dhewe. Ana carane.”
“ Enggih tha.”
“Lha iya.”
“ Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh
banget penglarise.”
“ Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo
penglaris. Wis ora empan mas, penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah
crita akeh banget bab lelakone ana ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli
ndesa, Klaten. Klaten sing sisih ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.
Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane
kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake
atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis
wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang. Ana rembulan
ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe
cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh
menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon,
jenenge Siti. Siti rupane ayu. Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang.
Bareng kenal, kekancan, terus Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo
ngeterke kerja, sebab wayah sore dheweke kudu siap-siap dodolan.
Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane.
Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti njupuk wedang, Paimin krungu, emake
Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti menawa omahe sing dipanggone Siti lan
keluargane isih ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir. Dheweke mung tukang
angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu ngrewangi bayari
kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo nyukupi urip wae
mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih ngontrak kuwi mau, Paimin wis
ora tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake karo Siti, tetep ora
digagas. Pokoke wis ora dolan maneh.
Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal
karo wong wadon liya. Jenenge Mirna, jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar
kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna bocahe manis. Patrape uga nyenengake.
Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan soto ana ing
warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto Sederhana.
Bocah loro banjur kekancan.
Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing
jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga sing ngladeni Mirna, Paimin menawa
tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula Paimin seneng-seneng wae mangan
nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna.
Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk
Minggu ya mas, sedino nang ngomahku,” wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe
Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang
warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin pancen duwe sepeda motor, sanajana wis
katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis ora bisa distater tangan. Menawa lagi
rewel malah gelem mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin
rada gembagus.
Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan
dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin arep dolan nang ngomahe. Sing duwe
warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong Mirna ya wis suwe ora tau pamit.
Wong ya ora tau lara, ora tau duwe kepentingan. Mlebu kerja terus. “Ngandi iki
arahe menyang omahmu, Na?” pitakone Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae,
mrana. Mengko tak abani menawa belak-belok.”
Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna
ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh
banget. Malah arahe kok arah menyang ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok
adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih
ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-pucuke.
Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur sore mengko Paimin ora bisa
dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah
nang ndesa. Wis dadi cita-citane kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha.
Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti
tiba mburi uripe nang ndesa. Durung menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua.
Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan soto ana ing Warung Soto
Sederhana.
Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh.
Nganti sawijine dina, nalika tuku cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo
anake sing bakul cakar. Cakar pithik. Barang siji iki pancen akeh sing seneng.
Neka-neka sebabe seneng karo cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering
nakoni uwong-uwong sing padha jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng
mangan cakar. Keneng apa sing jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak
mestine luwih empuk tur ndaging.
Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo
tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh.
Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran ngajak anake wedok. Jare anake kuwi
sisan karo arep tuku sabun lan keperluan liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge
anake kuwi mau, melu menyang pasar. Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe
dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar.
Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun
genep tha niki, cakare.”
“ Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya
padatan.”
“ Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk
kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake Paimin marang Inah.
“ Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan
karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane
Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal
ana neng sak kathok sing dienggo wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok
sing dienggo wingi sore. Dheweke ganti kathok mergo, kathok sing kuwi arep
dienggo maneh sore mengko. Dheweke ora sreg menawa mengko sore pas bakulan
ngganggo kathok sing saiki dienggo.
“Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula
diancer-anceri mawon griyane sampeyan. Lha pripun malih, turene sampeyan
arthane badhe pun ginaaken kangge kulak cakar.”
Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul
cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin
mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah. Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep
banget, nanging kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah. Karo bapak ibune
dikirane bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak
seneng wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.
Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora
seneng-seneng tenan lan ora kepingin banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis
ngerti-ngerti sithik menawa keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget.
Cukupan. Sanajan ora asli kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi
wis dhuweke dhewe. Anak tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa
melu omah nang kono. Ora mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine.
Ndah sepine omah menawa si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya
omah nang kana wae.
Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging
atine durung sreg menawa bebojoan karo Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin,
kanthi rupa kang bisa diarani bagus, isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka
Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare kancane. Paimin manthuk-manthuk wae.
Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek
bojo.
Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni
anggone dolan menyang omahe Inah. Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi
golekan. Malah bapake Inah sing nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah
nggoleki, nang papan biasane Paimin dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren
olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke bakalan seminggu ana nang ngomah.
Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake karo bapake Inah. Nang panggonane
kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging bapake Inah isih beja diwenehi ngerti
alamate omahe Paimin nang Klaten.
Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali
menyang kutha anggone bakul angkringan, bapake Inah teka. Bareng tetakonan
ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa kok Paimin ora tau dolan maneh nang
ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa ana masalah mbok dirembuk
apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho ditakokake karo Inah,” mangkana
tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu mbingungi semu isin.
Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan
panggaweane. Mampir omahe Inah wong olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin
ngrampungi ceritane marang pawongan kang jajan ana nagkringane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar